Berita

Breaking News

Dinas Sosial Nglaksanani Fasilitasi Identitas Kependudukan Kangge Kelompok Marginal

 

Jumpa pers./foto.dok.jon/

EDISI KHUSUS KAMIS PON

SLEMAN,Cakrainvestigasi.com  — Dinas Sosial lumantar Bidang Rehabilitasi Sosial terus ngupados pemenuhan identitas kependudukan kangge kelompok marginal minangka pérangan saking pelayanan dasar bidang sosial. Upaya punika dipun tindakaken supados kelompok rentan saged ngakses layanan sosial, pendidikan, kesehatan, saha perlindungan hukum kanthi adil lan merata.

Program punika gadhah landasan hukum Peraturan Menteri Sosial Republik Indonesia Nomor 9 Tahun 2018 babagan Standar Teknis Pelayanan Dasar ing Standar Pelayanan Minimal Bidang Sosial wonten ing daerah provinsi saha kabupaten/kota. Ing Pasal 34 dipun sebataken bilih salah satunggaling layanan pemenuhan kebutuhan dasar kangge kelompok marginal inggih punika fasilitasi pembuatan Nomor Induk Kependudukan (NIK), akta kelahiran, akta nikah, Kartu Tanda Penduduk (KTP), lan Kartu Identitas Anak (KIA). Kelompok marginal ingkang dipun maksud antawisipun penyandang disabilitas, lanjut usia terlantar, anak terlantar, gelandangan, lan pengemis.

Identitas kependudukan dipun anggep wigati sanget kangge kelompok marginal, awit tanpa dokumen kependudukan asring boten saged ngakses bantuan sosial, layanan pendidikan, lan kesehatan. Dokumen kependudukan dados sarana perlindungan hukum lan minangka prasyarat utama supados warga saged nampi hak-hakipun saking pamarentah.

Baca juga : Dukuh Sumbermulyo Dipun Wenehi Sanksi Pemberhentian Sementara, Warga Ngaku Lega | 

Nanging makaten, kelompok marginal asring ngadhepi alangan wonten ing proses kepemilikan identitas kependudukan, kados ta boten gadhah dokumen pendukung, boten gadhah kulawarga, utawi boten dipun mangertosi asal-usulipun. Kangge ngrampungaken perkawis punika, Dinas Sosial nindakaken asesmen lan panyusunan laporan sosial dening pekerja sosial minangka dhasar pertimbangan Dinas Kependudukan lan Pencatatan Sipil ing penerbitan dokumen kependudukan.

Fasilitasi ingkang dipun lampahi Dinas Sosial antawisipun pembuatan akta kelahiran lan Kartu Identitas Anak kangge anak terlantar, pengecekan dokumen kependudukan lumantar tes biometrik kangge lanjut usia terlantar lan ODDP terlantar, saha fasilitasi pembuatan dokumen kependudukan kangge ODDP terlantar ingkang dereng nate nindakaken perekaman. Tes biometrik punika dipun ginakaken kangge nelusuri identitas lan asal-usul supados saged dipun lampahi reunifikasi kaliyan kulawarganipun.

Sajeroning taun 2025, Dinas Sosial nyatet sampun memfasilitasi pembuatan 69 akta kelahiran anak terlantar, 7 KTP kangge lanjut usia terlantar lan ODDP terlantar, saha nindakaken pengecekan biometrik dhateng 20 lanjut usia terlantar, 35 ODDP terlantar, lan 14 tiyang terlantar sanesipun.

Kepala Bidang Rehabilitasi Sosial, Ludiyanta, ngandharaken bilih fasilitasi pembuatan identitas kependudukan kangge kelompok marginal badhé terus dipun lajengaken. Ing taun 2026, program punika taksih dipun anggarkaken minangka wujud komitmen pamarentah daerah ing pemenuhan hak-hak dasar lan perlindungan sosial kangge kelompok rentan. ( Pay ).

© Copyright 2024 - CAKRAINVESTIGASI.COM