![]() |
| Danlanal Yogyakarta Melu Kegiatan Nembak Dansat Pamen TNI AL Taun 2026./foto.dok.lanal/ |
EDISI KHUSUS KAMIS PON
JAKARTA,Cakrainvestigasi.com – Komandan Pangkalan TNI Angkatan Laut (Danlanal) Yogyakarta, Kolonel Marinir Hafied Indarwan, S.E., melu kegiyatan Pengambilan Data Menembak kang diikuti para Komandan Satuan (Dansat) Perwira Menengah TNI Angkatan Laut Taun 2026. Kegiyatan menika kaleksanan ing Lapangan Tembak Jusman Puger, Cilandak, Jakarta, dina Rebo (04/02/2026).
Kegiyatan punika dipun rawuhi dening para Dansat saking jajaran Koarmada, Lanal, KRI, Korps Marinir, Penerbangan TNI AL, Pomal, saha satuan pendukung sanèsipun ing lingkungan TNI Angkatan Laut.
Baca juga : Dinas Sosial Nglaksanani Fasilitasi Identitas Kependudukan Kangge Kelompok Marginal |
Pengambilan Data Menembak menika minangka pérangan saking pambinaan kemampuan dhasar prajurit TNI AL, mliginipun kanggé ngukur lan njagi profesionalisme saha katrampilan nembak para perwira menengah kang dados Komandan Satuan ing unit masing-masing.
Danlanal Yogyakarta, Kolonel Marinir Hafied Indarwan, S.E., ngandharaken bilih kegiyatan menika boten namung minangka sarana evaluasi kemampuan individu, nanging ugi dados wujud pambinaan kesiapsiagaan lan profesionalisme perwira TNI AL.
“Kegiyatan pengambilan data menembak punika dipunlaksanani minangka sarana evaluasi kemampuan saben individu, saha kanggé njagi kesiapsiagaan lan profesionalisme para perwira TNI AL supados saged ndhukung pelaksanaan tugas pokok ing satuan masing-masing,” ujare Danlanal.
Kanthi lumampahipun kegiyatan menika, dipunajab para Komandan Satuan TNI AL tansah njagi lan ningkataken kemampuan profesional minangka prajurit Jalasena kang tansah siyap nglaksanani tugas negara. ( Pay ).

Social Header
Berita